Saka pesisir netra,,
rasa iku kumancar kadya cahya,,
sak kedep kelap,,
sumilak nyandak sarining sukma.
Wektu-wektu kang lumaku,,
sajak ngajak netra,,
kang tumuju rasa,,
memba-memba angrayu sukma,,
sumebar ing manah raga.
Kadya mega ing pucuking dina,,
rasa kang bungah miwah,,
ronce rinonce ing tresna,,
tan musna,,
saya ngembara. . .
Tidak ada komentar:
Posting Komentar